Sabtu, 23 Maret 2013

Kata-Kata Bijak Bhs Jawa

Bebantahan Bab Agomo



     Ojo pisan - pisan seneng bebantahan bab agomo, kejobo yen siro wis teguh temenan ngentebi Agamamu, sarto wis antuk bab - bab kang wus ora biso diselak'i ; siro kudu aweh panjurung marang liyan kang seje agamane, amrih dewek'e ngantepi lan percoyo kanthi temen - temen marang Agamane dewe - dewe.
Ngelmu Lan Katresnan Marang Pangeran



     Ngelmu lan katresnan marang Pangeran iku, wusanane bakal nyawiji lan ugo bakal podho kedadeyane.Ngelmu lan katresnan kang sejati, ugo ora bedo, sekarone iku nunggal tujuwan kang bakal tekan ing pangayunaning Pangeran.
Karahayon Sarto Karaharjaning Jagad



     Wong kang biso, nanging pancen ora gelem, iku ora pantes yen diapuro.Kosokbaline, wong kang pancen ora biso, nanging isih nduweni roso rumongso, iku keno diapuro.Jer isih keno didandani.Yen kabeh manungso koyok ngono kabeh kahanane, ora bakal gampang lan gumampang nyalahake liyan.

     Menowo iku biso kelakon, iku sawijining pratondho, yen roso sih sejati tetep ngemudheni alam pasrawungan lair lan batin.Jagad isih keno diarep - arep biso nemoni karahayon sarto karaharjan.
   
Plarampitaning Jiwo Kang Sampurno


     Manuk Mliwis iku senajan slulup ing banyu, elare ora biso klebus dening banyu, semono ugo plarampitaning jiwo kang wis sampurno, senajan urip ning alam ndunyo, nanging dewek'e uwal soko pangaribawaning kadonyan.
Lesaning Manungso Kudu Biso Murakabi Ing Sapodho



     Tuk ing gunung dadi sumber, banyu dadi kali.Banyune mili pating sraweh, nyambahi ngendi - ngendi, gedhe pigunane.Mengkono ugo tutuk  utowo lesaning manungso, wedharing wicoro yo kudu kang piguno, bisoo murakabi ing sapodho - podho
Pepalange Wong Ulah Kebatinan


    
        Pepalange wong ulah kebatinan iku yen isih kadunungan pepinginan supoyo kinacek ing liyan, pepinginan kang supoyo wong liyo elingo marang dewek'e.
Asih Marang Sepodo



     Diasih marang sapepadhamu tumitah, nanging ojo kelawan pamrih.Ngapuroo marang samubarang piyolo, nanging ojo kok alem.
Memikir Kanthi Temen Sakehing Dumadi


     Memikir kanthi temen - temen kahane sakehing dumadi, iku pakarti kang pinuji tumrap agomo opo wae.Mulo akeh wong kang nindak'ake tafakur, semedi, dzikir, wohe bakal soyo kacedhak marang pangeran.
Pribadi Kang Nindak'ake Prakarti sasar


     Yen siro nuju nindak'ake pratingkah sasar kang kok kiro ora ono sing meruhi, siro kudu eling yen sejatine pribadi niro dhewe kang murni ngosik'ake siro supoyo ojo nindak'ake prakarti sasar  mau.
Wong Wong Kang Atine Suci
" Sunaring srengenge kang madhangi salumahing bumi sakurebing langit iku, sayektine mung siji, lan kang biso nulak cahyane mung barang - barang kang bening wae, koyoto banyu, koco lan sapanunggale.Mengkono ugo lekasing cahyaning Illahi, waroto lan adil, sarto madhangi sakabehing manungso. Nanging kang biso nompo iku mau kanti trawoco, wong - wong kang atine suci wae ".
Wong Kang Eling Sarto Memuji Gusti
" Siro kang tansah eling sarto memuji kaluhuraning Gusti Kang Moho Agung kanthi sucining ati, tanpo nduwe pepengin opo - opo, terkadhang siro nompo kanugrahan kang luwih aji katimbang kanugrahan kang tinompo dening wong kang nyenyuwun ".
Ngeningke Cipto Marang Alam
" Ngeningake cipto tumuju marang gumelaring alam, kejobo biso nyingkirake gagasan kang ngombro - ngombro lan ngalamun tanpa ono gunane, ugo paedah tumrap panembah "

Uriping Manungso



" Uriping manungso iku koyo banyu mili, ora bali - bali, ananging pati bareng lan laire ; saben dino prasasat mati, awit saben dino etunging uripe terus sudo ; uripe kang wus kelakon ing saiki wus ora ono.Sasuwene moco tulisan iki presasat etung - etungan lan pati."
Manungso Koyo Jam Panuduh



" Akeh wong kang terang budune, sarto nduweni kabisan, nanging ora biso nganggo.Kang mangkono iku upomo jam mono tanpo panuduh.Pancen biso lumaku. nanging ora biso nelak'ake wayah "

Tidak ada komentar:

Posting Komentar