Sabtu, 23 Maret 2013

Cerita Lucu Bhs Jawa = Kopi KUCING

Cerita Lucu Bahasa Jawa

Bagi Anda yang sudah tidak sabaran lagi ingin segera membaca guyonan Jowo lucu atau cerita humor bahasa Jawa yang sudah dijanjikan dalam judul artikel ini, maka secara lengkap guyon Jawa tersebut dapat Anda baca dibawah ini yang berjudul "Kopi Kucing"


Suwijining ndino Setro Mino mertamu ning ngomahe Setro Njingik. Dheweke disuguhi kopi karo Setro Njingik. Sajake kopine enak tenan, soale Setro Njingik muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake. Setro Mino banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.

Setro Mino: Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?

Setro Njingik: Kuwi kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang kae

Setro Mino: Woo ngono tho, kopi apa jenenge?

Setro Njingik : Kopi kucing, aku gawe dhewe

Setro Mino: Gaweanmu dhewe tho, apa sebape diarani kopi kucing?

Setro Njingik: Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.

Setro Mino: Kucing doyan kopi pa?

Setro Njingik: Ya ora no. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur ikan asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.

Setro Mino (wetenge mulai mules) : Terus...

Setro Njingik: Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing banjur gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong rong tau ana sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane?

Setro Mino: Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar