Tampilkan postingan dengan label Cerita Lucu Bhs Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Lucu Bhs Jawa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 23 Maret 2013

Cerita Lucu Bhs Jawa = Fatma MUI Bawa Rokok Itu Haram

Tri Goro      : Lek, jarene MUI rokok iku haram?menurutmu piye kuwi, setuju pora?Nak tak amati kowe ki ketone yo seorang yang rodo religius, mesthine PRO karo MUI
Mas Agung : Yo jelas no setuju, Cah kene kok...!!!
Tri Goro     : Lha rak tenan...



Karo ngetokke udude terus di sumet, karo klempas - klempus Mas Agung mangsuli pitakone Tri Goro

Mas Agung : Lha karone gene to, Lek?Ono opo emange?
Tri Goro      : ( Karo rodo' gumun Tri Goro takon meneh ) Lho...lha kok saikine malah kedhal kedhul ngono kowe to, Lek?
Mas Agung : Lho piye to, rumangsamu aku ki ngrokok po?
Tri Goro      : Wong yo wis jelas ngono kok, kedhal - kedhul ngekep rokok lha kok ngomong ora ngrokok..nalare terus kepriye?
Mas Agung : Jangan salah paham dulu, Lek...Ngene iki, aku ki yo termasuk salah sijine usaha dalam rangka memusnahkan rokok, lha wong jelas rokok iku haram.
Tri Goro     : Kok malah tambah gendheng aku yo, Lek sansoyo ra mudheng karep lan maksudmu!
Mas Agung : Saiki ngene...Nak arep ngebong Pabrik Rokok'e yo jelas mokal, sak Indonesia iku akeh cacahe pabrik rokok, yo pora?
Tri Goro     : Terus...?
Mas Agung : Iso - iso malah dicekel polisi nak wani ngobong pabrik.Arep ngobong warung sing dodol rokok yo semono ugo, podo wae.
Tri Goro      : Iyo masuk akal kuwi,... terusno!
Mas Agung  : Yo wis, akhire aku yo mung wani ngobong rokok negene iki mau!
Tri Goro      : Lha leh mu ngobong rek karo mbok sedhoti ngono, Lek?
Mas Agung  : Njajal pikir, rokok disumet ning nek ora disedhoti, opo yo ono genine, opo yo sido kobong?
Tri Goro      : Iyo yo, betul juga...
Mas Agung  : Lha iyo to...bener ora?
Tri Goro       : Halah, wasis nak kon gawe ukoro...padune yo pengen udud lambemu kecut!
Mas Agung  : Hahaha....!!!
Tri Goro       : Yo ws kene, tak ewangi ngobong rokok mben ndang ntek...!!!
Mas Agung  : Oalaaahh....jebule yo podho PRO ne karo MUI!!!
Tri Goro       : Hahahaha...!!!

Cerita Lucu Bhs Jawa = Sopo Presiden RI taun Ngarep?

Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Sopo Presiden RI Tahun Ngarep?




Mas Agung : Lek Gon, kiro - kiro sopo menurutmu presidene awak'e dewe tahun 2024?
Gogon Joss : Ahh...kadohan iku, Lek?iki tahun piro....
Mas Agung : yo ra popo to. itung - ngetes ngetes bathin, yo ra...?
Gogon Joss : yo wis... aku mbethek inisiale S...!
Mas Agung : Lha nek tahun 2019, sopo ?
Gogon Joss : tetep inisiale huruf S...
Mas Agung : yen tahun 2014, kiro - kiro sopo presidene,Lek Gon?
Gogon Joss : nggg,,,,yo isih tetep inisiale S
Mas Agung : nek tahun 2009 presidene cetho nek Pak SBY, lha terus nganti tekan tahun 2024 thek inisiale tetep S ki  njur piye ketemu nalare to,Lek Gon ?
Gogon Joss : S kuwi singkatan soko SOPO wae keno lan biso dadi presiden
Mas Agung : Woooo   aalaaaahhhh....dahasar peramal gadhungan, waton kondhang
Gogon Joss : Halah....wong yo podho karo sing ngomong wae kok ndadak....
Mas Agung : ....????!!!!???!!!???....

Cerita Lucu Bhs Jawa: = Mas Agung lan Mas Gogon

 MAS AGUNG DAN GOGON

 Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang? Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!

Cerita Lucu Bhs Jawa = Kopi KUCING

Cerita Lucu Bahasa Jawa

Bagi Anda yang sudah tidak sabaran lagi ingin segera membaca guyonan Jowo lucu atau cerita humor bahasa Jawa yang sudah dijanjikan dalam judul artikel ini, maka secara lengkap guyon Jawa tersebut dapat Anda baca dibawah ini yang berjudul "Kopi Kucing"


Suwijining ndino Setro Mino mertamu ning ngomahe Setro Njingik. Dheweke disuguhi kopi karo Setro Njingik. Sajake kopine enak tenan, soale Setro Njingik muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake. Setro Mino banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.

Setro Mino: Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?

Setro Njingik: Kuwi kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang kae

Setro Mino: Woo ngono tho, kopi apa jenenge?

Setro Njingik : Kopi kucing, aku gawe dhewe

Setro Mino: Gaweanmu dhewe tho, apa sebape diarani kopi kucing?

Setro Njingik: Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.

Setro Mino: Kucing doyan kopi pa?

Setro Njingik: Ya ora no. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur ikan asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.

Setro Mino (wetenge mulai mules) : Terus...

Setro Njingik: Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing banjur gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong rong tau ana sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane?

Setro Mino: Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk!